Minggu, 16 Oktober 2011

BUDI LUHUR

Rahayu ,....

Kadhang-sing dak tresnani saidenging nusantara.
Atur pramayoga murih , tulisan sing katur kadhang-kadhang Penghayat Kepercayaan ,para putra-putra kabeh diudi tulisan utawa pangangen-angen , panguneg-uneg sing kawetu tansah gawe seneng lan marem pra pandemen face  book eng kene.
Di-upadi ora gawe drah pradondi , rebut bener , lan liya-liyane banjur-ngelantur malah gawe luput ing brebrayan.
Upamane nganti gawe congkrah antarane Umat ber-Agama lan Kepercayaan terhadap Tuhan YME

Ing kalangan priyagung sing wis tutug pengerten lan pangudi bab laku sesembahan , spiritual lan kerohkanian,      
Iki padha ora ana bedane  kabeh mau bener, miturut dasar kepercayaan dhewe-dhewe. 
Mungguhe udang-undang dasar panembah apa bae bisa urip neng Indonesia , waton ora gawe drah , ora nerak agger-angger pranatan nagara.
Kepareng atur mugi kepranan ing penggalih ka atur : Kekudangan Rama :

Kekudangane Rama:
Heh putraningsun sami  Pra Satriya dan Wanita.
Mreneya sun jarwani :
Mangertiya jenengsira wis Ingsun sabda dadi.
Kitab suci sejati Adamakna wastanipun.
Iku wujudira yekti :
Wulangreh sejati uninira.
Ber-budi bawa-leksana kadya lakunira.
Pratanda jenengsira Putraningsun.

 Kakutip : buku saku Pambuka rasa. 

Cathetan :
Kitab suci Adamakna wastanipun iku Wujudira yekti  
tegese : satikah-lakumu yen disawang lan diwaca liyan tansah nyenengkake.
Wulangreh sejati uninira   
tegese : samuna-munimu mahanani , tansah gawe tentrem sing ngrungokake.
Ber-budi bawa-leksana kadya lakunira  
tegese : tansah lelaku budi luhur, kang  utama,  pangucape lathi lan tumindak kudu padha.



Mugi saged nambahi pepenget , pepeling , pangertosan putra-putra salebeting brebrayan , ngudi budi luhur,
Rahayu,......

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ngapu Rasa

 Bagi putro romo itu tidak ada pengampunan . Hukum nya :  Sebab dan Akibat. Tidak ada sepura dari Gusti IMS. Kalau berbuat benar dan baik ak...