Jumat, 10 Februari 2012

Laku Tumindake Putra


LAKU LAN TUMINDAKE  PUTRA

Laku  putra     :  (Lakune njero )
1.      Aja ngaku ( kemingsun ) njalari, mratandani garah.
2.      Aja ngurmangsani, jalaran yen ngrumangsani , tegese ( darbe rumangsa samubarang widakdo ing patrap ) malah wigar samubarang gati.
3.      Aja mungkiri , tegese selak .                            Kudu jujur sing temen-temenan, ana ucap ana uni.

Tumindake putra :  ( Lakune njaba ):
1.      Aja gumunan, tegese gampang kepilut dening pepinginan , Darbe kapribaden dhewe.
2.      Aja wegah netepi ( nuhani ) darma minangka jejibahan.
3.      Aja wedi , ya kuwi tekaning pasti.
4.      Aja mutung lamun ngalami  ka-gagalan.

Kudu bisa ngrasuk busana loro :
  1. Kasarjanan : Mula-mularing-nalar anane :
    1. Sepisan            : Sir
    2. Lampahing        : Cipta
    3. Lungiding          : Budi
Telu-telune mau gembleng dadi siji, ya ing kono lungguhe bisa tumindak apa bae kang wis dadi kewajibane ( dharmane dhewe-dhewe )
  1. Kasujanan : tegese minangka kanggo panglimbang.              Amarga bener luput , ala , becik , kuwi wis sinandang , tegese ya darbeke dhewe lan kabeh kuwi ana.                                              Mula murih runtute laku lan tumindak bisa diwawas ( ditimbang-timbang ) kanthi temenan. Jalaran ala, becik, bener, luput kuwi gawan. Kang ora bisa diselaki, ora bisa disingkiri , ora bisa dipunkiri maneh.                                                                               Ing kono mau raga kang wenang mileh. Yen tumindake bener sing bakal nampa kuwi yektine sapa ,  nanging kasak-baline yen tumindake luput sing bakal  nampa ya sapa
 Kakutip : Buku Saku :  Pambuka Rasa

1 komentar:

  1. apiieeek iki kang Herman ....... he he he ....... nyuwun ijin share kang Herman & met knalan aja yaaa ......... he he he

    BalasHapus

Senin Paing

Kekadangan Putro romo di hari Senin Paing dilaksanakan di daerah  masing2 dengan tata cara yang berbeda namun acaranya utama nya  adalah mem...